SAYEMBARA!! Rebranding Hari Jadi Kabupaten Purworejo Ke 194

WORO-WORO TITAH...!!!!
Kanggo nanggepi saran, kritik, tanggapan, masukan lan harapan saka masyarakat sing disampekne lewat pirang-pirang media utamane sosial media sing aruse wes ora bisa dibendung ibarate koyo bantere netes eluh mergo kowe ditinggal dekne balik karo mantane, mangka Pemerintah Kabupaten Purworejo nganakake sayembara rebranding logo Hari Jadi Kabupaten Purworejo kang kaping 194. Perlu mbok mangerteni yen sayembara iki ono hadiahe sing total e mang yuto alias Rp 5.000.000,-. Mulakno sopo wae sing duweni kaluwihan bab desain (uduk kanuragan lho ya) ndang sat set golek info selengkapnya ono ing flayer postingan iki. Nang kono wes ono narahubung mbok menowo kowe-kowe podo duwe pitakonan magayutan sayembara iki. Lan petunjuk teknis sayembara iki bisa sampean cek nang QR Code sing wes sumadya.
Ubur-Ubur Ikan Lele....Ndang Digasskeun Le....
Iwak Lele Ojo Diselehne Banyu Mili, Mergo Bisa Lungo Melu Arus Banyune. Sopo Wong e Sing Bisa Menangake Sayembara Iki, Wes Mesthi Bakal Bungah Poll Atine.
salmet
selamat pagi mau tanya kapan pemnumunan tentang tatacara pendaftaran dll akan di umumkan terima ...
View ArticleSupriyati
Mhn maaf mau tanya formasi cpns 2018 dan tatacara serta dokumen yg harus didiapkan apakah ...
View ArticleFatkhurochman Bagus Prasetyo
maaf mau tanya informasi lengkap terkait cpns kab. purworejo apakah sudah di upload di sscn? terima ...
View Article